RSS

NYUWUN DONGA PANGESTU


🤲🤲🤲🤲🤲🤲🤲🤲
#NYUWUN DONGA PANGESTU#
========================
🚘 Insya Allah dina Jumat, 15 November 2019, santri #Sdbirrulwalidainmuhsragen melu makili Kabupaten Sragen ana ing Lomba Mapsi kaping 22 tingkat Provinsi Jawa Tengah kang manggon ana ing Asrama Haji Donohudan, Boyolali.
📌 Santri SD Birrul Birrul Walidain Muh Sragen kang makili yaiku
1. Rosihan Fatihudin Latif klas 6 ing lomba LCC.
2. Syarif Maulana Aljabar klas 5 ing lomba kaligrafi.
3. Nabil Adhikara klas 6 lomba Khot putra.
4. Belinda Shareefa klas 6 lomba Khot putri.
🚖 Rombongan kafilah Lomba Mapsi saka Kabupaten Sragen diuntapake lan nyuwun donga pangestu saka Kepala Kemenag Sragen lan Kepala Dinas Pendidikan Sragen kang manggon ing Aula Kemenag Sragen ing dina Rebo, 13 November 2019.
🤲Kabeh ikhtiyar lan usaha wes dikerahke lan ora lali pandonga saka wong sing ditresnani uga kita arepake. Raono kekuwatan lan upaya kejaba saka Gusti Allah.
💞 Kabeh kui kanggo nyipta katresnan marang Gusti Allah lumantar Al Quran liwat lomba LCC, Kaligrafi lan Khot sarta mbentuk generasi kang taqwa, cerdas lan mandiri.
🙏 Muga - muga bisa entuk asil kang apik lan sukses donya akhirat aamiin.
#sdbirrulwalidainmuhsragen
#taqwacerdasmandiri
#quranicschool
#schoolofchampions
#bilingualschool

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar